Kamis, 09 Agustus 2012

LINGSIR WENGI

"Bismillahirrahmanirrahiim"

sak jeroning ati ora ngerti neng opo awak iki,kok iso dadi nngene,srengengene semringah koyo koyo o ora gelem bomah balek nang omah.


Rogo tan soyo lungrah,keringet semrawe koyo wong ora tau bungah senajan saben dino sumringah.,ono ing pojok Tseung Kwan O aku mlongo ngwasne srengenge seng katene lingser no ing  panggonan,kelingan ono ing sawijine omah naliko semono Hiks...hiks....

Nek pinggir kali karo jeguran dolanan banyu sampek ora etong surop surop ijeh rebutan gedhebok,di ngge nglangi hehehhhehheee.....
nek durong weroh lingsire srengenge neng kulon ora do gelem muleh haks...saking senenge dolana.

Sak kedepan moto ora kroso,umor sang soyo tuwo lingsire srengenge  ijeh tetep podo ora ono seng  bedo,nanging urep lan panguripan awak siro lan konco konco wes podo maleh.

Sejatineng awak kepengen mbaleni mongso mongso semono,koyo wong ra nduwe doso lan ora nduwe duroko,rong puloh taon kiro kiro kelingan wayah ngono...hiks

Ya Allah.......wengi iki ora kroso eluhku ndrodos koyo ra iso di cegah,netes koyo banyune kran
wektu seng sak mono suwene neng ngendi wae rogo leh ngabdekne,keneng opo kok urong iso nerimo  saking titah ing RABB kang moho suci.

Ya Ghafar........ngapunten saking lumampahing ati dereng saget ngrekso,tanpo kroso lan tanpo rumongso nek rogo selot tuwo.
Pituture wong tuwo kadang ra di mirengno,wes klampahan lagi kroso....

Nek sejatineng atine wong tuwo iki ora tau ndongakno neko neko marang anak anak e....

Bapak Ibuk ngapunten engkang kathah..............hiks......hiks..............hiks...............
koyo ngene iki rasane wong kelingan mongso cilik an.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar